"Fokus Banten: Info Lokal, Wawasan Global"

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 SD TKA 2026 dengan Pembahasan

Ringkasan Berita

Artikel ini menyajikan kumpulan soal latihan Bahasa Jawa untuk siswa kelas 6 SD Semester 2 tahun 2026, sebagai persiapan menghadapi Tes Kompetensi Akademik (TKA). Latihan soal menjadi salah satu cara efektif untuk memahami materi, mengenali pola soal, serta mengukur kesiapan siswa sebelum ujian. Selain soal, artikel ini juga dilengkapi dengan kunci jawaban sehingga dapat digunakan siswa untuk belajar mandiri di rumah maupun sebagai bahan evaluasi pemahaman.

Berikut adalah kumpulan soal Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 tahun 2026. Menjelang akhir jenjang sekolah dasar, siswa kelas 6 mulai bersiap menghadapi Tes Kompetensi Akademik atau TKA. Salah satu cara paling efektif untuk berlatih adalah mengerjakan contoh soal yang sesuai dengan cakupan materi yang diujikan. Melalui latihan rutin siswa dapat mengenali pola soal sekaligus mengukur kesiapan diri sejak dini.

Sesuai jadwal dari Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah (Kemendikdasmen), TKA SD 2026 dilaksanakan pada 20-30 April 2026. Selain dengan mengulas materi-materi yang pernah dipelajari, persiapan TKA dapat dilakukan dengan berlatih mengerjakan contoh soal yang dulunya disebut Ujian Nasional (UN).

Soal-soal ini dapat digunakan sebagai bahan latihan sebelum menghadapi Tes Kompetensi Akademik (TKA). Soal yang dilengkapi dengan jawaban bisa dimanfaatkan untuk bahan belajar dirumah maupun untuk uji pemahaman siswa.

Inilah soal dan jawaban latihan TKA Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 Tahun 2026:

  1. 1) Assalamualaikum Wr.Wb.
    Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
    Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
    2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
    3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, Kula nyuwun pangapunten.
    4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.
    Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi …
    a. 2-3-4-1

    b. 1-4-2-3

    c. 1-3-2-4

    d. 4-3-2-1

  2. Ilham : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”

    Roni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”

    Ilham : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’

    Roni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’

    Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa …

    a. ngoko lugu

    b. krama lugu

    c. krama alus

    d. krama inggil

  3. Wong bungah sok nemu….

    A. Sengsara

    B. rekasa

    C. cilaka

    D. susah

  4. Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

    Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku….

    A. Joko Seger

    B. Roro Anteng

    C. Joko Seger lan Rara Anteng

    D. Gunung Lejar

  5. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ….

    a. guru gatra

    b. guru lagu

    c. guru sastra

    d. guru wilangan

  6. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani …

    a. tanggap wacana

    b. atur pambuka

    c. micara

    d. nyemak

  7. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ….

    a. sepur

    b. kalung

    c. ula

    d. sabuk

  8. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

    Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku….

    A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah

    B. Bocah-bocah kelas VI kemah

    C. Kemah pramuka ing Wonosalam

    D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

  9. Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani….

    A. cangkriman

    B. paribasan

    C. geguritan

    D. saloka

  10. bapak pucung dudu watu dudu gunung

    sangkamu ing sabrang

    ngon-ingone sang bupati

    yen lumampah, si pucung lembehan grana

    Batangane tembang ing dhuwur yaiku….

    A. gajah

    B. sepur

    C. macan

    D. sepeda

  1. Udin iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.

    Tembung isinan iku tegese …

    A seneng ngisin-ngisini

    B ora isin blas

    C Gampang isin

    D ora duwe isin

  2. Bocah kuwi lungguhe antheng kitiran.

    Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….

    A tansah polah ora bisa meneng

    B tansah antheng banget

    C tansah ajeg ora bisa obah

    D tansah tengok-tengok nganti keturu

  3. Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku …

    A Simbah dipunaturi sare wonten kamar

    B Kula dipunsukani duwet katah

    C Adik lagi dolanan ana ing plataran viii

    D Bapak nembe kesah saking omah

  4. Saben sore, Siti nyapu latar.

    tembung nyaponi linggane ….

    A nyapu

    B disaponi

    C nyaponi

    D sapu

  5. Kembang ning ngarep omahku wis (siram) mulane katon seger.

    Tembung siram benere ….

    A sirami

    B nyirami

    C daksiram

    D nyiram

  6. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.

    Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana … larik

    A 6

    B 5

    C 8

    D 7

  7. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….

    A 7, 9, 10, 7, 8

    B 7, 10, 12, 8, 8

    C 7, 7, 8, 8, 9, 9

    D 8, 10, 12, 7, 7

  8. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ….

    A Asmaradana

    B megatruh

    C cublak-cublak suweng

    D kinanthi

  9. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ….

    A sepur

    B kalung

    C ula

    D sabuk

  10. Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .

    A. Candradimuka

    B. Candrarasa

    C. Candra Buwana

    D. Candra Antrakusuma

  11. Musron ketemu wong tuwa sing pengin nyabrang dalan kang lagi rame. Kira-kira apa sing bakal kok tindakake…

    a. nulungi nyabrangke

    b. bablas nerusake laku

    c. sajak ora perduli

    d. meneng wae

  12. Arane anak jaran yaiku….

    a. sawiyah

    b. belo

    c. bledug

    d. geger

  13. Sing piket dina iki sapa?

    Ukara ing dhuwur klebu ukara…

    a. andharan

    b. tanduk

    c. pitakonan

    d. rinengga

  14. Nyuwun agunge pangaksami saking sedaya kelapatan kula. Mugya ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan saged linebur. Ukara iki adate diucapake ing wayah…

    a. pungkasane pambiwara

    b. ulang taun

    c. riyaya besar

    d. riyaya fitri

  15. Santen toyaning klapa, cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangaksama…..

    Ukara ing dhuwur mujude perangan saka…. pidhato

    a. lampiran

    b. pambuka

    c. panutup

    d. isi

Wacan kanggo soal nomer 26-27

Pupuh Pangkur Pada 1

Kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ingkang tata karma

den kaesthi siyang ratri.

  1. Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges….

    A. luwih bisa

    B. luwih bener

    C. luwih pinter

    D. luwih becik

  2. Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa….

    A. urip iku kudu aja seneng umuk

    B. wong urip kudu tansah waspada

    C. tumindak ala lan becik kudu dingerteni

    D. tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi

Wacan kanggo soal nomer 28

Pupuh Sinom Pada 1

Ambege kang wus utama

Tan ngendhak gunaning janmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone dinokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhaning janmi

Suka lila den ina sapadha-padha

  1. Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa….

    A. nutupi bodhone

    B. nambahi bodhone

    C. nutupi kapinterane

    D. ngetokake kapinterane

Wacan kanggo soal nomer 29

Pupuh Sinom Pada 2

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dokok ngarsa,

isin menek den arani,

balilune angluwihi,

nanging tenanipun cubluk,

suprandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

  1. Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku….

    A. Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane

    B. Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone

    C. Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane

    D. Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone

Wacan kanggo soal nomer 30

“…. Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra

wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapoke sokur marang Gusti Allah amarga

dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun.

Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun

Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta

Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi

Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi,

Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau

kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo

….”

(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)

  1. Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku ….

    A. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul

    B. aja gampang susah yen durung duwe anak

    C. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha

    D. tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *